Rabu, 22 Januari 2014

FEATURE NEWS

Nama   : Fach Ruri
NIM    : 11205244037
Kelas   : G 2011
Mata Kuliah  : Jurnalistik Jawa




Trunyan inggih menika sawijining papan ingkang mapan wonten sakpinggiripun Gunung Batur Kecamatan Kintamani, Kabupaten Bangli, Provinsi Bali. Ingkang mirunggan wonten papan menika inggih menika wontenipun tradisi ingkang sampun turun temurun dipuntindakaken dening para warga, tradisi menika nguburaken mayit ing nginggilipun siti wonten papan ingkang sinebat Sema Wayah, mayit menika dipunsareaken wonten siti lajeng dipuntutup ngangge gethek ingkang dipuntata. Tradisi menika sakmenika sampun kawentar wonten pundi - pundi saengga wisatawan lokal kalian wisatawan mancanegara kathah ingkang tindak wonten papan menika saperlu wisata kalian ngangsu kawruh.

mumipun wonten ing tlatah Bali, tiyang hindu ingkang seda dipunbakar ingkang sinebat Ngaben ugi wonten ingkang dipunpendem wonten siti, ananging beda kalian warga keturunan Bali Aga ingkang mapan wonten Dusun Trunyan menika, tiyang seda boten dipunbakar utawi dipunpendhem ananging dipunjaraken ngantos bosok awakipun wonten nginggilipun siti, menika tasih wonten sambung rapetipun kalian agama Hindu golongan Wisnu, golongan menika mitadosi bilih telasipun raga mayit ingakang sampurna menika mawi angin. Mayit menika dipunjejeraken kalian mayit sanesipun, mayit tasih ngangge kain ingkang kangge mbungkus mayit rikala upacara pangrupti laya, ingkang katingal namung pasuryan saking mayit ingkang dipuntutup ngagem anyaman bambu ingkang dipuntata arupi pager segitiga wonten nginggilipun mayit kangge ngawekani kewan buas ingkang dipunsebat “ancak saji”.


 Gambar Ancak Saji
Miturut Bapak Wayan Dahlia minangka pemandu lokal wonten papan menika, mayit ingkang dipunjaraken wonten Trunyan menika sinaosa boten dipunkubur, boten ngedalaken ambet bathang kados wonten panggenan sanesipun amargi wonten sandingipun sarean menika wonten Taru Menyan, Taru tegesipun uwit dene Menyan tegesipun wangi, Taru Menyan saged dados netralis mambet saking mayit-mayit wonten papan menika. Wonten gerbang sarean menika woten tengkorak tengkorak kalian arta logam ingkang kangge hiasan gapura sarean. Lumebet wonten sarean, wonten 9 papan kangge nyareaken mayit dene umur kalian kahanan mayitipun maneka warna. Sedaya gumantung kalian sedanipun mayit, wonten ingkang nembe mawon seda ugi wonten ingkang sedanipun sampun dangu, dene mayit ingkang nembe mawon seda tasih ketingal pasuryanipun ingkang badhe mbosok dene ingkang sampun dangu namung arupi tengkorak, sinaosa panggenan sacral ananging boten wonten larangan adat kangge wisatawan anggenipun mendhet foto wonten papan menika.




  
Gambar Taru Menyan
Boten sedaya mayit saged dipunsareaken wonten Sema Wayah, namung mayit ingkang sedanipun wajar, sampun gadhah bale griya, bujangan, lare alit ingkang waja susunipun sampun tanggal ingkang saged dipunsareaken, dene bayi dipunsareaken wonten papan sanes ingkang sinebat Sema Muda, tiyang ingkang seda amargi kecelakaan wonten Sema Brantas menika miturut kalian adat ingkang woten dusun Trunyan menika. Miturut Bapak Wayan Dahlian mayit ingkang seda dipunbeta mawi kapal boat saking desa trunyan kalian warga saha keluarganipun.
Kagem wisatawan ingkang badhe wisata wonten sarean trunyan saged nitih kapal boat saking Panelokan watawis 45 menit utawi saking Dusun Trunyan watawis 15 menit, wonten pinggir Gunung Batur samangkeh saged ketingal bilih panguripanipun warga Trunyan mawi pados ulam, tani saha usaha keramba ulam.